Kanca
Saklawase
“pit
,piye iki pit keri patang dino meneh awakdewe Ujian,” kandane Susan karo aku.
”Hayo piye?, yo sinau ta ben isoh!” jawabku. Bel masuk wes muni. Rung ono
telung menit lebar bel Pak Gunawan wes rawuh. Pak Ketua, doni laangsung nyiapke
kabeh murid ndongo arep pelajaran. Sakwise berdo’a, “kepada Pak Guru hormat
grak”, suarane Doni seng lantang lan tegas. “ Tegap grak” ngunu lanjute.
“oke, assalamu’alaikum warohmatuloohi
wabarokatu”,sapa Pak Gunawan.
‘’wangalaikum sallam warrohmatullohi wabarokatu”,
jawabe murid-murid.
Pak
gunawan iku guru matematika, beliau iku tegas,tur biasane disapa Pak Gun.
Pelajaran
wes dilekasi, Pak Gun nerangke kabeh bab
IV. Susan bingung, “aku kok durung dong – dong yo pit?”, omonge Susan ro aku
lirih-lirih.
Takon
Pak Guru wae!”, saranku. Nanging Susan mung meneng wae. Ketoke Susan rag wani
takon.
Pelajarane
Pak gunwes rampung. Lebar PAK Gun metu, susan takon ro aku. Susan takon carane
nggarap soal seng mau. Mestine susan tak warai. Rung rampung leh ku marai Bu Sri
wes rawuh. “ le marai teruske ngko meneh ya”, jare Susan. Aku yo mung manut
wae. Bu Sri le mulang ngasi mbengok-mbengok, masalahe muride podho rame kabeh.
Susan barangyo melu rame. Aku munu ora meng kadang-kadang le gojek.
“
hey-hey, diam, diam semuanya”, Bu Sri.
Kabeh
murid do meneng, rung ono limang menitBu Sri ngajar wes do rame meneh koyo
pasar.
“Hey-Hey,
diam bisa tidak?, do niat sekolah oran nek ora metu wae, rasah ngganggu kancane
sek pengen isoh”. Wah galake Bu Sri soyo metu. Ngasi rampung pelajaran kabeh
murid podo, anteng ,meneng, nggatekke pelajarane Bu Sri. Bu Sri seneng neg
suasanane kelas kondusif, tur yo murude podo dong kabeh.
Saiki
wayahe ngaso, aku kelingan yen Susan arep ngedongke bab IV matematika.
“sido
neruske leh mu takon mau rag San?’’, takonku marang Susan.
“sesuk
po kapanwae yo ,aku males we. Jajan sek wae yo, ngeleh aku”, jawabe Susan.
“yo
wes lah jajan dulu”. Aku mung manut ro Susan ,kan seng butuh reti Susan udu
aku.
Ngasi
ngaso pindo Susan rung takon meneh, mungkin wae Susan wes dong.
“kulo
seng asli niku mboten tek seneng leh Susan, amargi pendakpelajaran npo mawon
sek digarekke ro guru-guru mung Susan. Susan ki wonge caper,lebay,alay,nggeh
niku seng marakke kulo mboten seneng.opo maleh yen kulo lagi dipertanya’i leh
guru, mangkeh seng jawab Susan, dede kulo. Maksud kula Susan niku kerep banget
ngrebut jatah soal ngge kulo, bu”, curhatku marang Bu Bk. Aku neng ruang Bk
dewe, ra mungkinlah karo Susan.
“Pipit,
saiki kowe teko sabar sek wae, Susan tok nengke wae sek. Omong apik-apik ro
Susan tentang kui, mengko Susan ndak loro ati”, iku sarane Bu Bk.
“Nggeh
Bu”jawabku.
“Yo
wes saiki mantuk sek, ndak digoleki ibu’ kok ra lek bali seko sekolah”, lanjute
Bu BK.
“nggeh
Bu” jawabku meneh.
Sedino
meneh UAB, utowo Ulangan Akhir Bulan. Sek diujikan iku bahasa indonesia, bahasa
inggris, IPA, lan Mateamaatika. Wes ngasi yakhene Susan rung takon matematika
seng mbiyen. “A........yo luweh ra takon aku”,batinku. Sedino iku aku rag
omongan karo Susan meneh. Susan yo rag ngejak aku omongan kok. Aku yo ra nyobo
omongan ro Susan seng disaranke Bu BK.
Bel
pindo ,tandane ngaso. Aku ora jajan bareng Susan, Susan ngejak aku jajan, neng
aku wegah. Aku jajan bareng Galih. Ngasi wayahe bali aku ora omongan ro Susan.
“opo
Susan reti curhatku marang Bu Bk yo?’’ pikirku.
Sakwene
neng dalan aku bali sekolah aku mung mikirke kui. Neg susan reti piye yo??. Aku
kon kudu piye? Ak u bingung.
Dino
wes ganti, saiki wektune UAB. Aku ra sak kelas karo Susan Aku nggarap soal
kanti PD. Aku nggarap ora ono masalah, lancarlah . aku nggarap soal ora
nurun,jujur. UAB pertama aku ora pethuk Susan. Ngasi UAB ke-papat aku yo ora
kepethuk Susan meneh.
UAB
wes rampung, bijine yo wes dumumke kabeh.Yess!! bijiku apek kabeh, ya
alkhamdullilah. Aku seneng aku rankin II.aku nlliki bijine Susan bedo adoh,
susan rankin 30. Aku bangga isoh luwih apik seko Susan. Neng aku yo ora entuk
sombomg. Aku, yo rung puas ro biji semunu, tur lagi rankin II.
Wayahe
ngango pisan aku lungguh neng garep kelas dewe. Karo mangan panganan. Aku wes
ora mikirke Susan meneh, aluweh. Niatku iku mung arep nglaleke Susan.
Pra
nyono ora ngiro, Susan moro lan lungguh neng jejerku. Susan kondo yen deweke
njaluk ngapuro karo aku. Aku bingung kudu piye ,masalahe aku ki arep melupakan
Susan begitu. Galih banjur moro lan omong, “Pit, yo dingapuro ta Susan ,
mesalke lo Susan neg rag dingapuro”. Aku
mung meneng wae. “Pit”, lanjute Galih.
“kowe
lak wes ket kelas pitu ta kancanan ro Susan, telung tahun Pit, mosok arep tok
pedhot ngunu wae, dosa lo memutuskan tali silaturahmi ki Pit”, lanjute Galih
meneh.
“
ok ok, la Susan ki ngopo njaluk ngapuro ro aku barang??”, atakomku ro Galih.
Susan
mung mesem wae. “Aku reti pas kowe curhat neng BK Pit”, jare Susan. Aku mung
meneng wae.
“Pit,
pliss yo aku dingapuro, Pit”, jalukke Susan.
Susan
ro Galih mung ndeloke aku. Aku bingung. Pancen bener wes telung tahun aku
kancanan ro Susan. Akhire aku ngenei apuro marang Susan. Aku yo jaluk ngapuro
marang Susan lan Galih yen aku duwe salah.
Ngasi
saiki ,aku Galih, lan Susan kancanan raket. Aku seneng isoh nduwe kanca koyo
Galih lan Susan.
*** Selesai***
Beginilah
akhir yang bahagia, bersama teman-temanku. Jangan pernah kau berprasangka buruk
dengan teman, apalagi dengan teman yang sudah lama bersamamu. Dan juga janga
memutus tali silaturahmi yaa!!!.
By:
Lia Susanti
SMP
N 2 Turi